

Simbok, Eling lan Piweling
/ Inspirasi
Simbok kuwi pawongan kang gedhe banget darma bhekti lan lelabuhane marang kluwarga.
Sentot Suparna
Pangadeg Lori Gondang Library
Kaya wus dadi pakulinan, saben wengi udakara jam sanga, aku mesthi lungguhan ana ing emper. Ngesis sinambi ngenam-enam pikir. Yen pinuju ana tangga teparo kang liwat lan mampir, banjur padha jagongan ‘ngalor-ngidul’. Nganti sawatara wengi banjur padha pamit mulih.
Wus rong wengi iki, saben aku lungguhan ijen ana emper, wewayangane Simbok glibetan ing pangangen. Ing semu kepengin ngajak jagongan, kaya rikala jaman Simbok isih sugeng. Nanging ora watara suwe wewayangan mau banjur lunga klepat... ilang.
Dak kira kabeh mau mung kadereng rasa kapangku marang Simbok. Apa maneh wektu iki wus ngancik wulan Ruwah utawa Sya’ban. Akeh wong-wong kang padha besik utawa nyekar ing pasarehane leluhure, ngleluri adat lupiya kang wus lumaku wiwit jaman kuna.
Aku banjur kepengin melu-melu besik, ngiras pantes kanggo nambani rasa kapangku marang Simbok lan Bapak. Tanpa kasengaja, aku banjur kelingan marang kahanan lan lelakon kang wus suwe kapungkur, nalika aku sasedulur isih bocah.
Simbok kuwi pawongan kang gedhe banget darma bhekti lan lelabuhane marang kluwarga. Watake tulus lan tumemen. Bhekti marang garwa. Semono uga sabar lan telaten anggone momong lan nggulawenthah putra-putrane. Sanadyan kalamangsa Simbok duka, nanging ora nate tandhes ing ati. Kabeh mau mung kadereng rasa tresna lan tanggung jawabe marang kluwarga.
Pawongan sajroning omah kang ajeg wungu dhisik dhewe iku Simbok. Sabubare gugah-gugah saisine omah banjur njujug ana ing pawon, cecawis ubarampe kanggo sarapan. Simbok uga cecawis piranti lan agemane Bapak kang arep kanggo tindak makarya. Semono uga piranti lan sandhangan kang arep padha kanggo sekolah.
Simbok bakal duka yen ana piranti sekolah kang kudu dicawisake, ananging anggone padha matur dadakan. Kalebu Bapak, kalamangsane uga digremengi Simbok yen anggone dhawuh cecawis saweneh piranti kanthi dadakan.
Saelingku Simbok ora nate sarapan, ananging tetep nunggoni lan leladi wong saomah anggone lagi padha mangan. Padatan Simbok karo ngendikan, paring pitutur bab unggah-ungguh ing sekolah lan pasrawungan.
Kalamangsane Simbok ngrusuhi anggonku sasedulur lagi padha mangan. Nyuwil lawuh utawa njumput sega sapulukan. Solahe Simbok kang mengkono iku asring nuwuhake rasa kapang yen pinuju kelingan.
Nganti seprene ana padatan kang ora bisa dak lalekake. Yen pinuju kelingan mesthi banjur tuwuh rasa trenyuh lan kapang marang Simbok.
Saben esuk Simbok mesthi jumeneng ana emper. Nguntabake garwa lan putrane anggone padha budhal makarya lan sekolah. Semono uga ing wanci awan, Simbok mesthi lenggahan ana emper. Ngrantu Bapak kondur saka kantor, kalebu aku sasedulur kang lagi padha bali saka sekolahan.
Yen pinuju aku adus ing wayah sore Simbok asring cawe-cawe, ngresiki rereget ing saranduning awakku. Mbok menawa amarga aku kalebu anak kang cilik dhewe. Simbok nate duka amarga mrangguli sikilku kang nandhang tatu. Sanadyan tatu mau mung salumrahing tatu, ora mbilaheni. Tatu lumrah mungguhing bocah kang lagi nedhenge seneng playon utawa blusukan. Amarga tatu iku aku banjur nampa paukuman. Ing dina sabanjure, telung dina suwene aku ora pareng lunga dolan.
Saben wengi yen aku sasedulur pinuju sinau, Simbok lan Bapak mesthi nunggoni. Padatan Bapak maos buku utawa koran. Simbok lenggah ing sandhinge, pethik-pethik sayuran, nyicil nyawisake ubarampe kanggo masak dina esuke. Utawa lempit-lempit sandhangan kang mentas dikumbah mau awan.
Yen pinuju malem dina prei, padatan wong saomah padha lungguhan ana emper utawa latar. Kagawa kesel anggone padha gegojegan, aku sasedulur asring keturon ing pangkone Simbok utawa Bapak. Bareng tangi turu ing dina esuke, ngerti-ngerti anggone padha turu wus alihan ana dhuwur dipan.
Simbok uga prigel lan telaten nggulawenthah tanduran ing pekarangan wetan omah. Sawernane bumbon, empon-empon, lan sayuran. Tandurane Simbok katon ledhung-ledhung, agawe marem kang padha nyawang.
“Idhep-idhep kanggo ngrewangi nyukupi kebutuhan bale somah,” mangkana pangandikane Simbok.
Mbok menawa kasenengane Simbok iku tumurun marang aku, kang uga seneng nggulawenthah tanduran.
“Dereng sare, Om?" mangkana pangucape Suraji, saweneh tangga kang pinuju liwat banjur sapa aruh. Gawe kaget lan munggel anggonku lagi ngalamun.
"Owh... ya, Dik Raji. Pinarak," aku age-age aweh wangsulan.
Aku banjur mlebu omah. Jam kang cumanthel ing tembok aweh weruh yen wus tengah wengi. Jam rolas kliwat sepuluh menit.
Simbok lan Bapak. Pawongan kang ora bisa dak lalekake lan ora bakal uwal saka atiku, salawase.
Cuthel.