Prasaja lan Legawa
/ Opini
Sirnane kabudayan Jawa ateges wong Jawa wus ora nduweni kapribaden lan jati diri.
Sentot Suparna
Pamarsudi Lori Gondang Library
Saben mrangguli udan ing wanci esuk aku banjur kelingan marang sawargi Eyang Pringga, pinisepuh ingkang wus paring wewarah nalika umurku nedhenge ngancik dewasa. Anggonku kelingan marang panjenengane iku awit nate ana prastawa ingkang nandhes ing ati satemah ora gampang lali.
Larah-larahe mangkene.
Ing tahun 1980-an, aku duwe tangga asmane Eyang Pringga. Daleme ora adoh saka omahku. Panjenengane iku pansiunan pegawe kecamatan. Sanadyan wus sepuh ananging isih katon gagah pideksa. Kapribadene semanak lan andhap asor, uga kagungan wawasan bawera ing babagan apa wae. Mula ora mokal yen banjur dadi pinisepuhe wong sadesa.
Aku asring sowan ing daleme Eyang Pringga jalaran anggone padha-padha seneng ngleluri budaya Jawa. Sesambunganku karo Eyang Pringga kakung-putri iku rumaket banget, paribasan wus kaya eyangku dhewe. Semono uga panjenengane sekaliyan uga wus ngrengkuh wayah marang aku.
Dhasare Eyang Pringga ana dalem amung sekaliyan, awit putrane kang amung sawiji wus krama banjur ndherek garwane pidalem ing tlatah Penumping, Sala. Dadi anggonku sowan ngiras pantes mbiyantu bot repot ing sabendinan.
Eyang Pringga asring nimbali aku saperlu ameng-ameng babagan apa wae ingkang magepokan karo kabudayan Jawa. Malah-malah uga nate ngonceki ‘ngelmu Jawa’, yaiku saweneh piwulang ingkang mbutuhake weninging rasa lan pangerten ingkang jero. Kadhangkala uga ana tangga kiwa tengen ingkang melu sapejagong nganti lingsir wengi.
Ngelmu lan seserepan ingkang ndak tampa saka Eyang Pringga prasasat tanpa wilangan. Ana saperangan ingkang awujud tilarane para leluhur, lan uga ana ngelmu utawa seserepan ingkang tuwuh saka panggalihane Eyang Pringga pribadi.
Kadhangkala panjenengane uga paring pangandikan ingkang awujud dongengan ananging kebak piwulang luhur. Kabeh mau nuwuhake pangerten menawa kabudayan Jawa iku pancen lungit lan adiluhung.
Sesuluh Urip
Wewarah saka Eyang Pringga akeh ingkang ndak ‘bundheli’ tekan seprene lan dadi sesuluh tumrap uripku. Ana saweneh wewarah tilaran run tumurun saka leluhure Eyang Pringga ingkang ngandhut werdine tembung ‘Jawa’.
Ing sabendinan tembung ‘Jawa’ iku dianggep tembung lumrah lan asring digathukake karo tembung liya, kayata wong Jawa, basa Jawa, tanah Jawa, lan sapanunggalane. Pranyata tembung ‘Jawa’ iku dudu salumrahing tembung, ananging mujudake cekaan.
Tembung ‘Jawa’ iku dumadi saka rong wanda yaiku ja lan wa. Sabanjure, wanda ja iku mau yen didawakake bakal dadi tembung anyar yaiku prasaja. Mangkono uga wanda wa yen didawakake bakal dadi tembung legawa. Tembung prasaja lan legawa iku mujudake patrap laku utama ingkang linambaran rasa sumendhe marang wasesane Gusti.
Werdine tembung prasaja yaiku patrap ingkang jumurung marang tumindak apa anane, apa mesthine lan ora leluwihan. Tembung legawa mengku werdhi nglilakake dumadine kahanan kanthi ikhlas lair tumus ing batin.
Patrap prasaja lan legawa mangkono mujudake wengku tumrap sakehe piwulang luhur ing sajrone kabudayan Jawa. Ana piwulang luhur ingkang ngandharake werdine manungsa urip ing alam donya, yaiku babagan gegayutan antarane Gusti kang asipat nitahake lan manungsa ingkang asipat titah, sarta jagad utawa alam donya pinangka papan uripe manungsa.
Mula wong Jawa iku banget anggone nengenake ing babagan panembah; awit nglenggana menawa manungsa iku ana ingkang nitahake lan bakal bali marang ingkang anitahake.
Gusti Allah iku anggone nitahake manungsa disaranani akal budi, panca indriya, drajad pangkat, bandha donya, lan sapiturute. Sanadyan mangkono manungsa ora kena banjur leluwihan apa maneh sesongaran. Kudu tetep mawas diri yen kabeh sarana mau amung asipat titipan, mangkono uga daya kaluwihane manungsa iya tetep winates.
Sanadyan dikayangapa, pakartine manungsa ora bakal bisa nyuwak wasesane Gusti lan kridane alam. Kosok baline yen kanugrahane Gusti ingkang asipat titipan mau kapundhut bali, manungsa kudu nglilakake, awit ora bakal bisa nggondheli.
Anggone manungsa urip ing alam donya uga diparingi kamardikan tumindak apa wae. Ananging ora bisa banjur sakarep-karep, awit kudu tansah eling marang pengadilane Gusti Ingkang Mahaadil. Sakathahe tumindak iku ing tembe bakal nampa piwales.
Anane piwulang luhur babagan uripe manungsa mau banjur nuwuhake pangerten tumrap wong Jawa; menawa titah ing alam donya iku amung saderma ‘nglakoni’ purba lan wasesane Gusti. Tembung ‘nglakoni’ iku dumadi saka tembung ‘laku’ ingkang ateges ndharmakake uripe.
Wujude laku yaiku ‘ngawula’ kanthi manembah marang Gusti Ingkang Mahaluhur, uga ngawula amurih tentreme bebrayan agung lan ngawula kanggo rumeksa kayuwananing jagad.
Laku ngawula iku mau lumadi adedhasar patrap prasaja lan legawa, yaiku apa anane jumbuh kalawan purba wasesane Gusti, manungsa ora kena suwala awit amung asipat titah. Uga apa mesthine rujuk kalawan piwulange agama.
Lan ora leluwihan, awit patrap leluwihan iku kagawa pakartine hawa lan nepsu. Sabanjure uga kudu legawa nglilakake darbeke kanggo nandur kabecikan ing satengahing bebrayan.
Sakabehe piwulang mangkono ora kena amung kandheg ing pangangen lan pangucap ananging kudu tumus ing tumindak. Wiwit jaman kuna makuna patrap prasaja lan legawa iku wus dadi sandhangane wong Jawa. Linairake kinarya laku kanthi ngawula ing tengahing urip bebrayan sabendinan. Mula banjur akeh unen-unen ingkang ancase kanggo ngencengake greget lan tekad.
Tuladha unen-unen Jawa iku ing antarane ‘Gusti ora sare’, ‘Narima ing pandum’, ‘Urip ana ing donya iku paribasan amung mampir ngombe’, ‘Sapa ngalah luhur wekasane’, ‘Sapa temen bakal tinemu’, lan liya liyane.
Ngrungkebi Kabudayan Jawa
Mangkono iku mau andharane Eyang Pringga babagan sesanti prasaja lan legawa. Panjenengane uga paring piweling, sing sapa wani ngaku dadi wong Jawa kudu wani ngleluri lan ngrungkebi kabudayan Jawa. Sirnane kabudayan Jawa ateges wong Jawa wus ora nduweni kapribaden lan jati diri.
Piwelinge Eyang Pringga iku kaya-kaya jumbuh karo ombyaking jaman. Kasunyatane sansaya akeh wong Jawa ingkang ora nduweni greget ngleluri, awit pancen babar pisan wus ora mangerti marang budayane dhewe. Semono uga ing desaku. Wiwit Eyang Pringga seda, ingkang dadi suh anggone padha ngleluri budaya Jawa banjur ora ana.
Eyang Pringga seda rikala wulan Oktober taun 1986 mbarengi udan riris ing wanci esuk, udakara jam lima. Panjenengane ‘kapundhut’ kanthi puput yuswa 82 taun. Nganti seprene kabeh kahanan nalika iku durung bisa ndak lalekake.
Isih katon gawang-gawang anggonku lungguh dheleg-dheleg sabubare nampa kabar menawa Eyang Pringga seda. Atiku semang lan kebak pitakon, campuh antarane rasa kaget, gumun lan ora precaya. Sawuse kahananku rada lerem, aku enggal-enggal budhal tumuju daleme Eyang Pringga.
Udakara sawulan sadurunge Eyang Pringga seda, aku ditimbali saperlu ameng-ameng kaya padatan. Ing wengi iku kahanane Eyang Pringga ndak sawang kaya-kaya beneh kalawan adat saben. Akeh pangandikan ingkang kaya dudu keparenge dhewe.
Nalika iku Eyang Pringga ngendika menawa penggalihe rumangsa tentrem yen pinuju mrangguli kahanan udan ing wanci esuk. Sabenjure menawa Gusti ngeparengake, sawanci wanci dipundhut nyuwun wektu ing wanci esuk mbarengi kahanan udan.
Pranyata Gusti Allah iku Maha-Midhanget, paring ridha marang panyuwune titah ingkang ngugemi patrap prasaja lan legawa, uga tansah sumungkem ing saandhap pepada-Ne. Wallahu a'lam bi shawab.
